CAKAR

3 10 2007

 Cakar

Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.

Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi… eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.

Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.

Ceck Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu

Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?

Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan. Lumrahe ngono.

He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan dewe.

Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E… lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko. “Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.

Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi nggih.”

“O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur diulungake piring kuwi mau dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.

Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha memanganan.

Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.

Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.

Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.

 Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha wae.

Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih rungu kuwi mau.

“He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”

“Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”

“Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?”

“Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah jogete, wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge gelem.”

“ Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”

Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.

Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.

“Pinten mas kula, niki segane wau kalih”

“Niki nggih mas, nuwun.

Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.

Paimin

“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?”

“Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”

“Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”

“Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”

“Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah kok diarani lumayan. Hebat niku mas. Saking angkringan saget nyekolahke anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten saben tiyang saget sekolah, mboten saben tiyang saget nyekolahke anak, njenengan saget nyekolahke anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku”

“Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani lumayan. Sing tuku ya lumayan akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh tumrap aku bisa kanggo nyekolahke anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi utang, nek ana iuran kana iuran kene ngana kae.”

“Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa sing biasane katelasan sangu.”
“ He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”

“ Enggih tha.”

“Lha iya.”

“ Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”

“ Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas, penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”

Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh banget bab lelakone ana ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli ndesa, Klaten. Klaten sing sisih ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah ndesa.

Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha. Jare bedha tenan kahanan ndesa karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora ana lampu. Dheweke kawit cilik uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang. Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang kutha, dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke urip nang ndesa. Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.

Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge Siti. Siti rupane ayu. Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang. Bareng kenal, kekancan, terus Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah sore dheweke kudu siap-siap dodolan.

Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging, wayah dheweke dolan, nalika Siti njupuk wedang, Paimin krungu, emake Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti menawa omahe sing dipanggone Siti lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir. Dheweke mung tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu ngrewangi bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo nyukupi urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora tau dolan maneh. Ora gelem. Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis ora dolan maneh.

Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong wadon liya. Jenenge Mirna, jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene, mangkana pamikire Paimin. Mirna bocahe manis. Patrape uga nyenengake. Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan soto ana ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.

Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan, Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga sing ngladeni Mirna, Paimin menawa tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula Paimin seneng-seneng wae mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya mas, sedino nang ngomahku,” wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak kene, sore aku isih bisa dodolan, pikire.

Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana. Numpak sepeda motor. Paimin pancen duwe sepeda motor, sanajana wis katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis ora bisa distater tangan. Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis bisa dienggo jalaran Paimin rada gembagus.

Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi ora arep kerja. Marga Paimin arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong Mirna ya wis suwe ora tau pamit. Wong ya ora tau lara, ora tau duwe kepentingan. Mlebu kerja terus. “Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?” pitakone Paimin. “Wis, saiki Mas Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa belak-belok.”

Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus wae. Jebul kok ora tekan-tekan. Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang ngomahe Paimin dhewe. Arah Klaten. “Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul omahe Mirna Klaten. Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung. Pucuk sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur sore mengko Paimin ora bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.

Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang ndesa. Wis dadi cita-citane kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha. Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa, mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung menawa mengko kepeneran kudu nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan soto ana ing Warung Soto Sederhana.

Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti sawijine dina, nalika tuku cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo anake sing bakul cakar. Cakar pithik. Barang siji iki pancen akeh sing seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae, sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha jajan nang angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing jajan ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih empuk tur ndaging.

Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan dhisik karo bakule. Lha wis kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh. Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran ngajak anake wedok. Jare anake kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan liyane. Dadi si Inah, mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar. Banjur nunggu sisan emake rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh kenalan. Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora patia ayu. Batine Paimin.

“Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”

“ Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”

“ Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake Paimin marang Inah.

“ Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.

Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo Inah. Nganti rada suwe. Ketemu maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit sing digawa kurang. Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo wingi sore. Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke ganti kathok mergo, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke ora sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok sing saiki dienggo.

“Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula diancer-anceri mawon griyane sampeyan. Lha pripun malih, turene sampeyan arthane badhe pun ginaaken kangge kulak cakar.”

Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar. Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah. Wiwit dina kuwi, Paimin orao kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah. Karo bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan. Wong tuwane sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.

Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora seneng-seneng tenan lan ora kepingin banget arep bebojoan karo Inah. Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa keluargane Inah panguripane ora susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli kutha kene, nanging omahe wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak tunggal maneh. Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora mungkin ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa si Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya omah nang kana wae.

Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine durung sreg menawa bebojoan karo Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin, kanthi rupa kang bisa diarani bagus, isih bisa oleh bojo sing luwih ayu saka Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare kancane. Paimin manthuk-manthuk wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone bakal dipek bojo.

Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone dolan menyang omahe Inah. Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi golekan. Malah bapake Inah sing nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah nggoleki, nang papan biasane Paimin dodolan, kepasan Paimin lagi wae leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke bakalan seminggu ana nang ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake karo bapake Inah. Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging bapake Inah isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang Klaten.

Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang kutha anggone bakul angkringan, bapake Inah teka. Bareng tetakonan ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa kok Paimin ora tau dolan maneh nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa ana masalah mbok dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho ditakokake karo Inah,” mangkana tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu mbingungi semu isin.

Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong olehe budhal bareng karo bapake.

”Saiki kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan kang jajan ana nagkringane.

Panglaris

 

“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”

Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.

“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”

“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.

“Masak piyambak, Pak.”

“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”

“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”

“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?

“Kula, Paimin, Pak.”

“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.

Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.

“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”

“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.

“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.

“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”

“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”

“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.

“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”

“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”

“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”

Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.

Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.

Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.

Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.

Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.

“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”

Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.

Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.

Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.

Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.

Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.

“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.

Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.”

 

Nunut

 

“Mas, sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe ngoten, sampeyan gadhah perusahaan napa, Mas?”

Paimin kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang angkringane. Paimin eling tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi jajan nang angkringane. Paimin kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi angkringane. Ora lesehan kaya liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane ya ora akeh. Paling sega wungkus thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake wong proyek sing lagi ora duwe dhuwit.

“Wah, sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana dhuwe omah samono gedhene. Apik sisan.”

“Lha sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake sampeyan olehe njupuki piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku nggih omahe wong liya, sampeyan nggih blunas blunus kaya neng omahe dhewe ngoten kok.”

“Ora mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”

“Nunggu, tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan. Mengko menawa lagi dibutuhake terus lagi bakulan, banjur priye,” pitakone pawongan kuwi mau, sajak bingung.

Paimin sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.

“Kuwi dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono, kabeh keluargaku oleh mapan nang kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku nganti bisa mapan nang kono kuwi,” omongane Paimin mbagusi.

Paimin ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono. Sepisanan bakul angkringan ora nang kono. Dheweke ndisik mapan nang pinggir ndalan. Cedhak Universitas Negri. Nyadong rejeki saka mahasiswa apa tukang parkir sing seneng jajan nang angkringan. Janjane sing seneng jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh pawongan sing neng Universitas Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana wae sing seneng pesen wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan wae kadhangan ya pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo kanca wedhangan.

Pak Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane, ngajaki cerita neka-neka. Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa wae, Paimin dicritani karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa ana mahasiswane sing arep ketemu, pingin bimbingan apa ngaturake tugase, karo Pembantu Dekan kuwi diajak ketemu nang angkringane Paimin. Menawa sing diajaki ketemonan kancane Pak Pembantu Dekan sing bareng-bareng anggone golek kerja samben, terus dum-duman hasile, Paimin uga mesti ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari mangan lan ngombene karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung nulis, embuh nulis apa Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo seneng-seneng. Kena dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora dhuwe dhuwit.

Paimin seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong pinter-pinter. Arepo ora saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita, nanging Paimin bisa ngrungokake. Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake. Paimin nyinau apa wae sing diomongake karo sing padha jajan kuwi mau. Sanajan ora kabeh omongan bisa dipahami Paimin, nanging Paimin krasa menawa kawruhe sansaya tambah.

Setengah tahun Paimin dodolan nang papan kono. Tepung karo karyawan Universitas Negri, tepung karo mahasiswa, lan tepung karo Pak Pembantu Dekan sing seneng karo cakar pithik, aneh miturute Paimin, bisa tuku sing luwih ndaging kok sing disenengi cakar pithik. Paimin menawa ditari milih, rak ya milih dada apa pupu, sing luwih ndaging. Kabeh mau srawunge apik. Malah karo sing ora dhuwe dhuwit tenan Paimin olah oleh wae diutangi. Wong urip kuwi wajibe tetulungan. Lagi ana sing butuh pitulungan, Paimin bisa nulung, ya Paimin nulung. Sapa ngerti Paimin mengko sing genten butuh pitulungan.

Sawise kira-kira setengah tahun kuwi mau, Pak Pembantu Dekan njagong nang angkringane banjur menehi kabar. “Kang, sedhelo maneh kowe ora oleh dodolan nang kene.”

Paimin kaget. Dheweke uwis seneng bakulan nang kono. Badhi ora akeh-akeh banget nanging Paimin wis rumangsa seneng. Dadi menawa kudu pindah, Paimin rumangsa gela. Paimin langsung mikir, mesti kedadeane ora beda karo kanca-kanca sing dodolan nang pinggir-pinggir dalan liyane. Padha ora oleh bebakulan maneh nang pinggir dalan.

“Jlentrehe pripun tho, Pak, niku, kok kula mboten angsal malih bakulan wonten mriki?” pitakone Paimin njaluk katrangan.

“Jare ya kuwi kang, bakul-bakul ngene iki ngganggu wong mlaku, tur ora rapi.”

Paimin meneng wae. Sanajan gela, nanging dheweke rumangsa, papan kene dudu dhuweke. Menawa dheweke dikon lungo seka papan kono, mesti ora bisa nyengkelak. Kudu manute. Kudu lungane. Sanajan kawit bebakulan dheweke mapan nang kono, dijaluki dhuwit jare dinggo pajek, dheweke ya menehi, ngono kuwi mau merga dheweke rumansa nunut. Sewu apa rongewu kuwi disadari, merga papan kono dudu dhuweke. Papan kono mau dhuweke negara. Arepo jare dheweke sing nduweni negara kae, ngono miturure mahasiswa sing padha rembugan nang angkringan kono, nanginging Paimin ora rumangsa nduweki negara. Adoh banget kuwi seka pamikirane.

“Gek kula pripun niki mangkih nggih, Pak?” Paimin takon sinambi Nggresula.

“Kowe ora usah susah kang. Mengko paling kon lungo rong sasi maneh. Mengko kowe tak golekke panggon. Aku seneng karo cakarmu iki. Mengko tak golek papan sing aku gampang nggoleki angkringanmu iki. Mengko menawa kowe golek dhewe, aku ora bisa nemokake kowe.”

Paimin bungah. Ora usah susah-susah golek panggon dienggo dodolan. Pak Pembantu Dekan saguh arep nggolekke papan kanggo dodolan. Tur dheweke seneng isih bisa ketemu karo Pak Pembantu Dekan sing apikan kuwi mau. Mesti pak Pembantu Dekan kuwi mau bakal njagong maneh nang angkringane, merga dheweke pancen seneng tenan karo cakare Paimin. Cakar pithik sing didol Paimin nang angkringane.

“Wis rong minggu, Pak Pembantu Dekan durung menehi kabar. Dheweke njagong nang angkringan nanging meneng wae ora ngrembuk bab panggon dodolan. Apa maneh dheweke katon srius rembugan karo kancane. Paimin ora wani ngganggu. Rong minggu sabanjure malah ora tau ngetok. Paimin krungu kabar menawa Pak Pembantu Dekan tindhak menyang luwar kutha. Kurang seminggu wektune Paimin kudu lunga seka papan kono, Pak Pembantu Dekan lagi ngetok. Ngguya ngguyu sajak ora rumangsa Paimin nunggu-nunggu.

“Wis oleh papan aku, Kang. Nanging nganu ya, kowe karo nunggu omahe mbakyuku. Dheweke arep sekolah nang luwar negeri, kabeh keluargane diajak. Omahe suwung. Dadi omah kuwi karo tunggunen. Mengko olehmu bakulan nang sanding omahe kana. Urung ana bakul nang kana, mengko rak suwe-suwe rame. Mengko tak jalukake tulung kancaku men olehmu bakulan kuwi rame.”

Paimin bungah banget. Ora mung oleh papan dienggo dodolan. Nanging uga malah oleh omah. “Nggih, pak, maturnuwun. Maturnuwun sanget. ”Pak Pembantu Dekan mung mesam-mesem ngerti Paimin sing ujug-ujug sajak prakewuh.

Dina Setu wayahe Paimin Senen wis ora oleh dodolan maneh nang papan kono, Paimin dhuwe janji karo Pak Pembantu Dekan, arep niliki omah lan papan anyar sing arep dienggo dodolan. Sisan kabeh barang-barange digawa menyang papan anyar kuwi mau. Nanging, amarga Paimin kudu nyurung gerobake, Paimin ora bisa bareng numpak mobil. Dheweke mlaku. Mung diancer-anceri papan sing arep dituju.

Tekan panggon, Paimin gumun. Omahe gedhe tur apik banget. Latare jembar.

“Iki omahe kang, mengko kowe olehmu dodolan nang ndalan pojok omah kono. Omah iki tunggunen, resikana sabendina. Anggep kaya-kaya omahmu dhewe, sesuk menawa sing dhuwe omah kuwi mulih, men omahe ora ketok nyanyring.”

Paimin semaguh. Sapa ora bungah ketiban rejeki kaya ngono. Dheweke rumangsa beja, langsung oleh pitulungan ngono. Ora ndadak susah golek papan. Menawa ora nemu-nemu bisa uga Paimin bali ndisik menyang Klaten. Leren olehe bebakulan. Sesuk menawa wis ana greget maneh lagi wiwit maneh anggone bebakulan.

“Ngono kuwi critane Mas. Dadi kuwi pancen dudu omahku. Aku mung dikon nunggu, soale sing nduwe lagi nang luwar negeri. Jare rong tahun anggone sekolah. Mengko menawa arep neruske sekolahe berarti luwih suwe maneh. Wis nggono, bareng aku bebojoan, jare Pak Pembantu Dekan, bojoku ya oleh mapan kene. Sawise rong tahun jebul ora mulih-mulih. Malah jare arep saklawase omah nang kono, marga wis oleh panguripan nang kono. Tekan saiki aku ya mapan nang kene” tembunge Paimin ngrampungi anggone cerita babagan omah sing saiki dinggo manggon.

Parkir

 

Angkringan dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing teka mrana nggawa motor utawa mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha nggawa motor apa mobil olehe parkir rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing dalan sing mujur ngetan ngulon. Sepeda motor neng sisih kidul ana ing dalan sing mujur ngalor ngidul. Paimin olehe dodolan kuwi ana ing protelon, pojok omah. Ora neng njeron latar. Neng njaban pager pinggir dalan. Sing padha tuku wae olehe lesehan ana ing njeron latar. Sing alus, luwih penak tenimbang lesehan ana ing pinggir dalan. Paimin wis nembung papan sing dienggo lesehan kuwi marang sing nduwe. Latar kuwi wong wis dikonblok, ora sumelang gemrenjel nglungguhi watu. Digelari klasa amba-amba dening Paimin, sapa wae sing tuku oleh milih papan sakarepe, ngendi sing sela.

Dalan sing dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan aspalan, dalan mlebu kampung. Mung dalan kono kerep dienggo leliwatan mobil lan motor sing nyingkiri lampu abang nang ndalan gedhe. Papane Paimin sing saiki kuwi pancen cedhak karo prapatan. Cedhak karo dalan kutha kang rame. Saking ramene kerep menawa nunggu lampu ijo, urutan paling mburi, menawa tekan ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu nunggu lampune bali ijo. Sopir sing wis ngerti ana dalan liya sing kena dienggo liwat, yaiku dalan nang ngendi anggone Paimin dodolan iku mau, akhire seneng liwat kono. Sanajan dalan kampung lan urung aspalan nanging dalan kono kuwi mau jembar. Menawa ana sepeda motor sing parkir, isih longgar dienggo leliwatan. Mbuh kuwi sing liwat mobil utawa motor.

Bab dalan sing dienggo parkir mobil, jarang ana kendaraan sing lakune mrana, akeh-akehe lurus, arep metu nang dalan gedhe maneh. Marga liwat kono mung nyingkiri lampu abang. Sing liwat dalan nang ngendi mobil-mobil kuwi mau parkir, paling tanggane Paimin sing arep mulih. Ana omah papat apa lima nang kulan omahe Paimin, dalan kuwi mau banjur buntu ora ana tembuse, menthok neng omah kulon dhewe.

Kawit lagi mapan nganti tekan saiki, Paimin ora tau ngakon-ngakon sing dhuwe kendaraan supaya parkir rapi kaya mangkana. Kabeh kuwi mau dilakoni ngono wae karo sing nduwe kendaraan. Ora merga dikon sapa-sapa, wong Paimin ora duwe tukang parkir, lan ora butuh tukang parkir. Paimin wis ribet ngurusi dodolan, ora sempat ngurusi parkiran.

Ewo semono, lagi rong sasi Paimin bakulan nang kono, dheweke dicedhaki karo wong. Nom-noman sing rada mreman, maksude ndugal neng daerah kono. Dikira dening Paimin pawongan kuwi mau arep pesen wedhang, kon ngeterke nang papane rubuk-rubuk. Jebul ora. Nomnoman kuwi mau komplotane pancen akeh. Wong pitu apa wong sepuluh. Paimin ngerti, wong komplotan kuwi mau olehe rubuk-rubuk ora adoh saka angkringane. Mbuh pada rembugan apa. Saben bengi ana wae sing teka nang papan kono. Paimin ora sapa aruh karo komplotan kuwi mau. Mung menawa disapa wae Paimin mangsuli, wedi menawa mengko gawe rerusuh marang dheweke.

“Mas angkringanmu sing jajan akeh. Tak parkiri ya,” tembunge.

“Wis rapi ngono mas, kae ora ana sing ngrewangi parkir ya kendaraane ndelehe jejer larik-larik kaya wong baris.”

Paimin ora seneng karo pawongan kuwi. Sajak ora duwe suba sita. Sandhangane kusut, rambute gondrong awul-awulan. Malah menwa cedhak banget sajak mambu, kaya-kaya durung adus. Paimin pancen ora seneng papan kono diparkiri. Wong maem sedhelo wae kok motore kudu isih mbayari, mobile kudu mbayari. Sawise maem kok, kon mbayari motor, mbayari mobil, sapa ora anyel. Paimin babar blas ora kepikiran arep pasang parkir nang papane dodolan. Menawa dodolane wis payu wae, dheweke wis matur nuwun, syukur karo sing paring rejeki.

Ngerti omongane ora digubris karo Paimin, wong kuwi mau lunga. Bali menyang papane rubuk-rubuk karo kanca-kancane. Paimin ora nggatekake. Nganti telung dina dheweke ora diganggu maneh. Bareng wis patang dina, Wong loro teka nang angkringane. Ngajak rembugan maneh bab parkiran.

“Menawa diparkiri bisa-bisa sing tuku bubar Mas. Kapok. Wong mangan kuwi padha anyel menawa mangan wae kudu ditambah bayar parkiran,” Wangsulane Paimin nalika ditembungi. “Ora mas, aku ora ngolehi. Wong ya ora tau ana sing kelangan kok, kendaraane dideleh nang kono.” Paimin ora kenek dirembuki.

“Mas, mbok adum rejeki, tak tariki parkir nang kene.”

“ Ora Mas. Ora arep parkir aku. Biyen nalika aku bakulan nang sanding Universitas Negri kae aku dijaluki pajek. Saiki aku nang kene aku ora dijaluki pajek. Wong aku karo tunggu omah kuwi. Nanging, menawa sampeyan ngarep-arep rejeki, ngene wae, sampeyan sakanca tak wenehi cakar siji-siji. Saben-saben sing teka saben bengi tak wenehi, nanging paling akeh aku menehi cakar cacahe mung wong sepuluh, mengko menawa akeh-akeh aku ora bisa kulakan maneh. Menawa gelem, ya kuwi, menawa ora gelem, ya uwis. Aku ora ngolehi papan kene diparkiri. Tak anggep wae kuwi pajek apa sodaqoh. Ngendikane mbahku menawa wong ora tau sodaqoh, rejekine dipangkas peksa. Bisa ngganggo lelara, trus dhuwite enthek kanggo ngobatke, bisa kemalingan, bisa omahe kobongan, apa dhuwite ilang nang ndalan ora karuan,” Paimin isih wangsulan sebab ora gelem papane dodolan diparkiri. Dheweke khuwatir sing padha tuku kapok teka nang angkringane.

Saben bengi Paimin pajek cakar nang komplotan rubuk-rubuk sing diweruhi dipandegani karo si Semprul. Pimpinane diceluk Semprul merga menawa omogan idune nyumprat sempral semprul. Dheweke gelem wae diceluk Semprul. Jare jeneng Semprul kuwi malah sangar. Wangun dienggo meden-medeni. Lan kaya janjine biyen, Paimin olehe menehi cakar miturut jumlah pawongan. Ana wong pitu, diwenehi pitu, ana wong lima, diwenehi lima. Menawa ana wong sewelas, Paimin mung menehi sepuluh. Dadi kudu ana sing ngalah ora keduman.

Pajek cakar kuwi mau dilakoni kira-kira suwene patang sasi. Paimin ora patio rugi tur ora diganggu karo komplotan rubuk-rubuk kuwi mau. Sing mulane Paimin wedi menawa dirusuhi, saiki tenang wae. Komplotan kuwi mau nyatane ora tumindhak kasar. Ora duwe niat ala. Komplotan kuwi isih nduweni patrap kang becik. Padha-padha ngoleke rejeki, ngerteni menawa penghasilane saka angkringan ora akeh-akeh banget. Ora njalari Paimin langsung dadi sugih. Menawa sing rubuk-rubuk ana wong sewelas, Paimin olehe menehi cakar mung sepuluh, ora ana sing protes. Malah kepara menawa kepingin tenan, malah tuku. Ora njaluk kanthi laku kasar. Kadang menawa pesen es teh apa es jeruk, Paimin mengko sing ngeterke, giliran wedhangane wis rampung, gelas-gelase padha diterake dhewe-dhewe. Paimin ora usah njupuki dhewe.

Sawise patang sasi, ujug-ujug si Semprul teka dhewe, moro, nyedhaki Paimin. Biasane ora tau si Semprul kuwi mara. Menawa ana butuh kongkonan karo kancane liya kang manut wae diprentah-prentah karo si Semprul. Neng angkringan, si Semprul njagong. Njupuk rokok lan ngudut. Klepas-klepus meneng wae. Paimin ora nyapa wong lagi ribet ngladeni sing padha jajan. Ana sing njaluk tempene dibakar dhisik, ana sing njaluk tambah es, lan liya-liyane.

“Ndingaren tekan kene Bos Semprul, ” sapane Paimin nalika sing jajan wis keladhenan kabeh.

“Iki segane karo apa Kang?” Semprul ora ngatekake sapane Paimin malah ganti takon. Takon mangkono, sega wungkus kuwi mau langsung wae dibukak ora nunggu semaure Paimin. Paimin ora semaur merga ana maneh sing teka njaluk dibakarke sate usus karo bakwan.

“Kang, mreneo ndhisik tha tak kandhani,” Semprul ngawe marang Paimin.

“Napa tha Bos, kok sajak wigati?

“Kene, aku arep ngomong masalah parkir”

Paimin nyedhak lan Semprul langsung nyerocos karo idune nyumprat-nyumprat. Dheweke menehi kabar menawa saiki sapa wae sing bebakulan nang tlatah kene, sing rame lan ana penghasilan parkir, kudu diparkiri. Kuwi mau wis kebijakan saka pemerintah desa. Ora bisa dieyeli. Kudu diolehi karo sapa wae sing nduweni usaha.Angkringane Paimin uga salah siji usaha sing kudu diparkiri. Sing luwih baku, papan dodolane Paimin lan sekitare dadi wilayahe Semprul. Semprul sing nduweni lan nyekel kuwasa kanggo ngatur parkiran tlatah kana. Paimin malah diduduhi surate barang saka pemerintah setempat.

Ana ing layang kuwi mau, dijlentrehake apa kabeh sing diomongake karo si Semprul marang Paimin. Paimin malah diolehi maca dhewe. Paimin wis ora bisa wangsulan. Kepriye wae bisane mung manut karo manut. Semprul sawise ngomong ngono meneng wae, sajak menawa ngomong apa perlune. Ora let suwe malah ngadek, mbayari olehe mangan langsung arep lungo, ning omongan dhisik, “ Janjane aku seneng dipajeki cakar, Kang, nanging priye maneh. Kebijakane ora kena dilawan. Sesuk kanca-kancaku wiwit parkir nang kene. Sampeyan wis ora usah pajek cakar maneh, sapa wae sing memanganan nang kene kudu mbayar. Menawa ana sing ora mbayar mengko omongna aku.” Banjur Semprul bali maneh rubuk-rubuk karo kancane.

Paimin mung bisa gedhek-gedhek. Sesuk sok sapa wae wong sing ndeleh kendaraan nang papan kono kudu mbayar parkir.

 

Booking

 

“Makne.”

“Makne.”

“Piye tha, Makne, nek diceluk semaur ya ngapa,” Paimin sajak mangkel bojone diceluk ora semaur-semaur.

“Aku ngantuk Pakne, arep turu. Sesuk esuk kudu blanja. Iki wis wengi. Sesuk aku tangine kudu mruput, menawa ora mruput menyang pasar, sesuk nang pasar uyel-uyelan. Aku emoh. Mending aku rada nunggu bakule tenimbang aku uyel-uyelan nyasaki uwong akeh mung arep njupuk cakar. Kuwi wae aku wis pesen cakar olehku tuku diwadahke sisan. Blanjan liyane paling neng nggone bu Gendut rampung. Weh, mau ana apa celuk-celuk?”

“Jare ngantuk, omongane sak trek metu kabeh.”

“Iya, ana apa. Lha wong ya wis arep turu ngene.”

“Suk senen angkringane dhewe arep dibooking.”

“Apa. Dodol kuping. Kuping apa kuwi. Dumeh dodol cakar payu, saiki terus arep nganeh-nganehi, arep dodol kuping. Mengko sing tuku ya sapa.”

“Kupingmu kuwi! Ngene lho….” Paimin banjur cerita.

“Mau, nalika aku sowan nang ndaleme pak Pembantu Dekan Universitas Negri kanggo nakokake wit jarak latar kae oleh dipapras apa ora, pak Pembantu Dekan paring kabar. ora, dudu kabar, nawani aku.”

Bab pak Pembantu Dekan kuwi, Inah ngerti, wong kedadean apa wae kang dilakoni karo Paimin wis diceritakake kabeh marang Inah. Saking kabehe, Inah mangkel mangkel ngguyu nalika Paimin cerita bab cita-citane kudu omah nang kutha, ora gelem omah nang ndesa, mulane kudu oleh bojo wong kutha. Pak Pembantu Dekan kuwi, Inah uga kenal, nalika dina ijabe karo Paimin, Pak pembantu dekan kuwi uga rawuh. Bapake grapyak. Ngendikane ceplas-ceplos apa anane. Ewa semana nganti tekan saiki Paimin karo Inah ora ngerti sapa janjane asmane Pak Pembantu Dekan kuwi. Malah anake sing ngerteni. Pak Pembantu Dekan kuwi, arepa saiki wis arang njagong nang angkringane Paimin, menawa ana gawe apa wae sing mbutuhake Paimin, mesti Paimin diceluk, didhawuhi ngrewangi. Paimin mesti mangkate. Ora bakal nolak marang apa karepe pak Pembantu Dekan kuwi.

Semana uga menawa Paimin butuh warah, apa tetimbangan. Utamane babagan olehe ngrawat omah lan babagan sekolahe anak-anake. Bab, kepriye wae, omah sing dienggo turu Paimin sakanak bojo kuwi duweke mbakyune Pak Pembantu Dekan, Paimin mung nunut. Dadi menawa ana apa-apa sing magepokan karo omah lan pekarangane kuwi mau, Paimin mesti matur karo pak Pembantu Dekan.

Biyen kae, nalika anake sing mbarep lulus SD, karepe Paimin wis ora usah nerusake sekolah maneh. Kon ewang-ewang dodolan wae. Bareng pitakonan karo pak Pembantu Dekan bab sekolahe anake, Paimin mikir-mikir kok bener apa sing dingendikakake Pak Pembantu Dekan kuwi. Ngendikane, menawa anake kuwi ora sekolah, ora pinter, sesuk ora bisa nututi lakune jaman. Menawa ora bisa nututi lakune jaman, mesti uripe bakal susah. Sebab kuwi anake kudu disekolahake.

Nah, bakda magrib iki mau, Paimin sowan nang ndaleme Pak Pembantu Dekan. Direwangi ninggalke olehe dodolan. Angkringne ditunggu bojone direwangi anake loro. Paimin sowan arep nembung menawa wit jarak mburine dodolan kae arep dipaprasi. Godhonge wis ngrembuyung banget ngganggu olehe dodolan. Sabenere ora mung kuwi, saiki jarake ana ulere, kepingine ditegor wae, apa maneh wit kuwi cedhak karo wit pelem sing lagi arep gedhe. Ngganggu gedhene pelem. Jebul pak Pembantu Dekan malah ngerteni bab wit pelem sing lagi arep gedhe kuwi mau. Dheweke malah dhawuh supaya Paimin negor wit jarak kuwi sisan. Ngendikane, wit kuwi mau kejaba ngganggu gedhene pelem uga ngganggu sawangan seka ngomah nang ndalan. Paimin seneng wae didhawuhi negor wit jarak kuwi mau, malah kepeneran.

Kejaba kuwi, Pak Pembantu Dekan nawani, menawa Paimin gelem, angkringane arep dibooking Universitas Negri. Ngendikane, arep ana tamu sing arep studi banding seka luwar negeri. Jalaran tamune saka adoh kuwi mau, karepe Universitas Negri tamu-tamune men ngerteni kabudayan Indonesia, salah sijine sing arep dipamerake kuwi angkringan. Menawa Paimin ngolehi, angkringane arep dibooking, diborong kabeh panganane sadodolan, payu ora payu, mengko neng Universitas Negri kana Paimin mung kari nunggu. Ngladeni sapa wae sing arep mangan ana angkringane.

“Aku jane seneng-seneng susah, Makne. Seneng mergo nek ngono kuwi dodolane dhewe mesti payune. Susahe, aku kuwi isih kelingan jaman samana. Jaman aku dipenging dodolan nang cedhak kana. Arepa saiki nemu papan dodolan sing ora kalah kepenak kae, nanging wektu lelakon kuwi kedadean aku rak ya lara ati.” Paimin meneng ngira bojone wis turu. “Mak!”

“Iya, aku isih ngrungokake”

“Jaman samana kuwi Makne, aku isih bakul anyaran. Bakul sepisanan ya mapan nang cedhak Universitas Negri sing arep mbooking angkringan kuwi mau. Ya nang kana aku kenal karo Pak Pembantu Dekan, sing nalikane aku dikon sumingkir terus nggolekke papan dodolan merga dheweke seneng karo cakar sing takdol kae. Jaman samana nganti tekan saiki rak bakul-bakul kaya awake dhewe kuwi disia-sia. Bisane golek rejeki kaya ngene iki, mongko dodolan nang ngendi wae wis mesti taren karo pawongan sekitar kana, ngerti-ngerti dikon sumingkir. Ngana kuwi apa ya ora kon lara ati.”

“Ngono kuwi terus karepmu ora gelem dibooking ngono pa priye?”

“Sing jelas aku urung bisa lali karo tumindake…, tumindhake…, sapa ya….Bakune Universitas Negri kuwi mau. Wong aku biyen maca layang sing menging sapa wae bakulan nang kana, ditemplekke nang pager-pager, sing tanda tangan ya pimpinan Universitas Negeri kuwi mau. Sapa wae sing isih bebakulan keliwat tanggal sing ditentokake, barang-barange bakal dijaluk karo petugas. Petugas saka ngendi aku ya ora ngerti. Mbuh saka Universitas Negeri kuwi mau, mbuh saka pemerintah sing tak kira ora ana bedane. Wong mestine padha rembugan.

Aku isih kelingan, bakul rokok sing mapan nang cedhakku kae ora cepet oleh papan anyar. Dhisik tau ana kabar nek kabeh bakul sing dikon sumingkir saka papan sing dilarang bebakulan kuwi diwenehi papan liya. Sapa sing gelem. Bakul-bakul dipapakke dadi siji ngono nang papan sing adoh saka wong tuku. Kapan payune. Wis ngono, papan sing disiapke, rada diapikke kae banjur kon mbayar sing ajine kanggo bakul-bakul kuwi larang. Kancaku ora ana sing gelem mapan nang kana. Kabeh golek papan anyar dhewe-dhewe. Bakul rokok sing nganti suwe ora oleh papan kuwi mesakke banget. Aku isih ketemu dheweke sawise pindahan menawa aku arep menyang pasar. Aku rak liwat chedak papane turu kana menawa mangkat nang pasar. Ngerti ora, Makne?”

“Apa?” Bojone Paimin semaur ngganggo suara sing wis katon arep turu. Bab kuwi dheweke wis tau diceritani Paimin ping sewidak rolas. Wis males ngrungokake. Bojone kuwi pancen mangkelke. Mung arep ngomong gelem ora dibooking kanggo acarane Universitas Negeri kuwi wae, ngganggo sejarah perjuangan. Sejarah perjuangan uripe Paimin. Ora ngertia dheweke wis ngantuk banget. Njalari mangkel atine.

“Bakul rokok kuwi Makne,” Paimin neruske olehe cerita, “Nganti arep genep sesasi ora ngapa-ngapa. Ora nemu-nemu papan. Dheweke susah banget. Mongko menawa kesuwen ora bakulan, dhuwite silak enthek. Mengko ora bisa kulakan maneh. Olehe njaga men dhuwite ora cepet enthek, dheweke nganti sedina mangan pisan, sakanane. Nganti kuru banget. Merga pikiran karo kurang pangan. Dheweke asline luwar Jawa. Dadi ora bisa mulih. Ora cukup dhuwite dienggo mulih, terus mengko seminggu apa rong minggu bali mrene maneh.

Biyen kuwi bakul nang cedhak Universitas Negeri kana ana wong pitu, bakul rokok kuwi mau, bakul pecel lele 3, terus bakul sate, bakul mie ayam, tambah aku, bakul angkringan. Kabeh kudu lunga. Sing beja banget kuwi ya mung aku. Nanging aku ngerti kabeh lelakone kanca-kancaku kuwi mau sawise kon sumingkir. Nelangsa Makne, Nelangsa.”

“Terus kowe gelem ora mau arep dibooking?” Pitakone bojone Paimin. Anyel kudu bola bali ngrungokake cerita sing padha, Nanging ya trenyuh atine saben-saben Paimin cerita lelakone sakanca kuwi mau.

“Aku dhewe urung wangsulan marang Pak Pembantu Dekan. Pak Pembantu Dekan kuwi pancen apikan. Nanging menawa aku kelingan lelakonku jaman samana, kok ya aku abot arep ngomong gelem dibooking karo Universitas Negri kuwi mau. Rasa-rasane kok aku ora sreg. Kaya-kaya aku kuwi khianat karo nasibe kanca-kancaku menawa aku gelem ngiyane tawanan kuwi mau.”

“Gelem ora?”

“Embuh Makne, aku saiki arep turu dhisik, ngantuk”.

Lhadalah, iki piye tha, wis cerita nggedupuk, nyaprus, tiba mburi mak klempus. Malah ora sida diterusake olehe rembugan. Malah urung oleh pesten wis turu. Inah dadi ilang ngantuke. Anyel karo bojone sing kebacut nggedupuk, nyaprus, tiba mburi mak klempus. Dheweke kelap kelip, ngglebak ngiwa ngglebak nengen ora bisa cepet turu. Ujug-ujug, mbakmenawa olehe kelara-lara kegawa turu, Paimin nyuwara ora sadar, “Aku emoh dibooking, Makne!”

HP

 

Wis bola-bali Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep tuku HP. Dheweke kepingin kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen mono HP isih larang. Sing nyekel HP mung wong-wong sing dhuwite akeh. Penghasilane gedhe. Bakul kaya Paimin ngendi ana sing nduweni HP. Biyen kuwi ora kabeh uwang cekelan HP. HP isih arang Biyen merek HP sing mlebu Indonesia urung akeh kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka, jenise uga neka-neka, regane uga neka-neka. Ana sing murah ana sing larang. Pokok regane saingan. Kaya-kaya malah murah-murahan, sebab golek pelanggan.

Sapa wae saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane HP, SMA apa maneh. Sansaya bocah kuliahan sing adoh saka wong tuwa. Rata-rata budhal saka asale digawani HP. Khawatir menawa mengko ana apa-apa. Disangoni HP supayane bisa cepet kirim kabar. Ora ngertia kuwi marakake anak ora mandiri. Sithik sithik sms. Sithik-sithik telpun. Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe menawa mangkono kuwi mau carane.

Saiki wis ora jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare sms-an. Apa telpun. Ora mangsa maneh ngendepke pikiran lan pengalaman lewat tulisan. Ana masalah sithik langsung sms-an. Ana apa-apa ora dipikir dhisik, langsung telpun. Malah menawa bocah isih cilik, pikirane isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini maneh. Kaya kae, si Lela, anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa dheweke ora ditukokake HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung dheweke sing durung duwe. Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya dheweke kuwi paling kere sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake HP. Lela mutung, gelem sekolah menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong tuwane ora bakal kere mung nukokake dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP dhewe-dhewe. Wong kabeh dhuwe pagawean dhewe-dhewe. Saben dina wong tuwane mesti lelungan nang papan panggaweane. Lela krasa diumbar. Ora digatekake karo wong tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa maneh dheweke rumangsa anak siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya kanca-kancane.

Menawa ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya mbingungi. Ora jelas. Wong saben dina nang sekolahan ketemu karo kanca-kancane. Menawa ana masalah bisa dirembug ana ing sekolahan. Urusane paling-paling bab pelajaran, apa maneh. Wong tuwane mono, cekelan HP lantaran panggaweane pancen mbutuhake kuwi. Urusan kantore akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi gawean. Dituturi karo wong tuwane, Lela wis ora manut. Wis ora mikir maneh dhuwe HP kuwi mengko migunani kanggo apa tumrap dheweke. Bakune dheweke dhuwe HP kaya kancane titik. Akhire wong tuwane ora bisa selak. Bisane mung nuruti karepe anak, tinimbang anak ora sekolah.

Saiki kahanan pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane HP. Bakul-bakul nututi cekelan HP. Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP. Kancanane Paimin ya ngono. Sing dhuwe warung kae, kang Bejo, biyen ora duwe HP. Kang bejo kuwi, saliyane ngladeni wong sing tuku moro nang warung, uga ngladeni sing pesen maem kon ngeterke, ketring. Pas dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk pesen maneh apa ora, malah ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms mengko bengi, sesuk arep pesen maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong dheweke ora dhuwe HP kok ditakoni nomer HP. Margo akeh langganan sing kaya mangkono, mula kang Bejo nuli-nuli tuku HP.

Dina-dina iki Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng ngrungokake omongane Paimin bab pepinginane arep tuku HP.

“Tuku HP ki arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya gawehani ki juragan angkringan sing duwe angkringan nang ngendi-endi. Lha wong angkringane mung siji. Tepunge ya mung karo bakul cakar. Karo wong pasar. Saben dina ya ketemu wong kudu njupuk barang nang pasar. Ngono kok sajak akeh urusan, arep dhuwe HP barang. Mbok ya dipikir menawa dhuwe pepinginan kuwi. Gunane apa. Menawa ora ana gunane, mung dienggo gegojekan karo kanca, mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa. Menawa mung arep dienggo mbagusi wae, wis ora usah tuku HP.”

Inah sing ora setuju karo karepe Paimin grenengan dewe ora karu-karuan. Menawa anak-anake, setuju wae bapake tuku HP. Jare mengko men bisa nyilih dienggo sms kancane, nakokake pe-er menawa ora bisa njawab. Margo kuwi, anake, loro-lorone mbujuki bapake supayane cepet-cepet tuku HP. Kancanane wis akeh sing dhuwe HP. Malah wis dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko menawa bapake wis tuku HP bisa cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.

Inah, tetep karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane tumrap keluargane. Malah mengko anake ora padha tau sinau. Menawa ora bisa nggarap pe-er langsung sms kancane. Bisa-bisa olehe sms-an ora tekne angel pe-er-e ning margo males ora gelem mbukak buku wae.

“Apa ya ora njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.

Anak-anake ora padha ngrungokake pituture Makne, kepingine ya bapake dhuwe HP. Malah janji-janji ora bakal lali sinau. Pokoke menawa jalaran ora bisa-bisa tenan ora bakal takon masalah pr marang kanca-kancane. Arep takon mung nek babar blas ora bisa nggarap. Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya mimi lan mintuna. Kompak. Ngalor, ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono uga bab HP. Kompak, mbiyantu bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake tuku HP.

Inah anyel, saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP. Ora awan ora mbengi. Pokoke ora ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp maneh, HP maneh. Paimin dhewe ora wani terang-terangan ngomong bab HP marang Inah, mung sepisan. Nalika pepinginan kuwi nyedhul mak trucul nang pikirane ora kena diampet maneh. Kawit sepisanan kuwi Inah wis ora setuju. Maido terus apa sing diomongake karo Paimin. Rembugane ora nganti rampung. Durung-durung Inah wis ora setuju. Paimin durung rampung olehe omongan, wis disauri karo Inah. Bola bali arep ngomong, lagi wae ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake arep dienggo ngopo, wis diwangsuli karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak ya borongan. Ora kena distop menawa dudu karepe dhewe. Kadhang wis ditinggal lungo, menawa durung enthek apa sing arep diomongake, ya durung mandhek olehe omongan. Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora rumongsa wis ora ana sapa-sapa maneh nang sandingne. menawa wis ngerti ditinggal lunga, suarane dilirihke. Grundelan dhewe.

Awan kuwi, anak-anake padha lagi wae mulih sekolah. Lingguhan karo bapake sinambi nyuweki kertas sing arep dienggo mungkusi sega.

“Pak, kapan mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.

“Inggih Pak. Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut HP. Kok pun dangu sanget dereng sios-sios anggenipun badhe mundhut niku kepripun. Janjane, sios bhoten bapak niku badhe mundhut HP?” anake sing cilik nimbrung pitakone mbakyune.”

“Enggal-enggal kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula sakniki kathah pe-er, saniki sampun ajeng ulangan semesteran, dados kathah pe-er. Pe-er-e angel-angel, Pak. Mangkih menawi kula mboten saget nggarap pripun? tanglete dateng rencang pripun? Menawi mboten saget tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba mburi biji kula mboten sae pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil menawi bapak mangkih kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.

“Inggih pak, kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan jaman, Pak,” ujare anake sing cilik mbujuki maneh.

“Eh, Wit, jajal kowe matura marang makmu kana. Wis ngolehi durung,” Paimin kongkon anake sing cilik. Pancen Paimin ora wani ngomong maneh bab HP marang bojone. Menawa lagi kekandhan bab HP karo anak-anake wae, swarane lirih-lirih menawa Inah ana nang cedhake. Sebab, menawa Inah krungu sithik wae Paimin isih ngotak atik perkara HP, orao diajak rembugan kae, Inah bakal melu-melu lan ngomong sadawane. Dadi Paimin wanine ngethik anake supaya anake sing ngomong karo Makne. Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh lan ngolehke Paimin tuku HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane, margo sawise dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina digrundelake bojone kuwi.

Dikethik bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur, nyedhaki makne sing lagi daden geni.

“Mak, tak matur tha Mak.”

“Ana apa Wit, apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”

“Nganu, mbenjang tha Mak,”

“Apa. HP maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok, HP.” Durung rampung anake olehe arep matur, wis disauri karo Inah. Sebab, Sanajan Paimin olehe kongkon klesik-klesik, jebul Inah krunggu, sebab pas Paimin ngethik anake mau, Inah mbutuhake rek sing bar dienggo udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak cedhak olehe padha nyuweki kertas kana mau.

“Mbenjang tha Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak mengkak.

“Mbenjang tha Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget sms-an saben dinten kalih mbah putri lan mbah kakung. Wong mbah putri nggih kagungan HP. Mangkeh menawi kinten-kinten cakare kirang, Mamak saget sms nyuwun dienggehi. Riyin nika, pas cakare kirang, wong jare kersane dodolan namung bar magrib dugi ndalu margi badhe tilik tiyang sakit trus mboten sios, Mamak gage tindhak pasar jebul pun telas. Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon telase. Menawi saderenge budhal sms riyin rak cakare saget dienggehake kaliyan mbah putri. Ajenga ingkang mande cakar simbahe piyambak nika, rak nggih mboten pirsa menawi cakare kirang, dados nggih disade dateng piyantun sanes. Napa malih simbah putri kaliyan simbah kakung menika namun kekalih wonten ndalem. Mangkih menawi kangen rak saged sms. Menawi mamak kangen simbah nggih saget telpun.”

“Wit, Wit, omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku ya tekan. Menawa kangen ya bisa mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab cakar ora kena dienggo alasan, wong ora saben dina ana lelakon kaya mangkono. Wis kana, rasah motar matur bab HP maneh. Bapakmu ki pancen kok,” ngomong ngono kuwi Inah ora mandhek anggone manggawean. Wiwit sing wis apal lagone Makne langsung lunga, bali melu bapake. Menawa wis ngono kuwi mamake wis ora kena diajak rembugan maneh.

“Ngendika piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula matur kok,” tembung anake kanthi rupa nyuntrut.

Paimin meneng wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak kabeh rak kuwi ora luwes, bisa-bisa mung njalari masalah tiba mburine, batine Paimin.

Mundhak

 

“Mas Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas mlayu wae. Nika kurang sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan dina-dina iki pendhak wengi jajan nang angkringane Paimin jebul teka maneh bengi kuwi. Lingguhe isih tetep nang kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin bisa langsung nyapa. Paimin apal, kelingan wae.

Disapa mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke pancen lagi kerja nang proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa semana dheweke uga wangsulan.

“Wah, sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih samonten. Kula bola-bali jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki. Wingi-wingi sampeyan mendhel mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula mbayare nggih sami.” Pawongan kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa olehe mbayar wingi kurang.

“Sampeyan wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas ora tolah-toleh ana wong celuk-celuk. Kula rak wingi nyeluki, ngomong menawi sampeyan mbayare kirang.”

“Lha enggih, kula niku selak ajeng teng wingking. Pun ora kuat malih nahan. Genahe pripun niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga dheweke ngapusi wong satenane dheweke selak kepingin ngombe. Nanging rumangsa wingi nalika sawise mbayar dheweke ngeplas sakbare ngulungke dhuwit, dheweke ngakoni wae.

“ Njenengan kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi ngulungke artha samenten tha,”muni ngono Paimin karo nuduhake dhuwit. “Niki nggih arthane sampeyan, taksih tak simpen. Tak duduhke sampeyan saniki. Niki kirang niki,” Paimin nuduhake dhuwit sing wingi diulungake dening pawongan kuwi.

Ngerti dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya ngono, wis lusuh, pawongan kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten, biasane kula mbayare nggih samonten.”

“Biasane pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak mindhak, dados sampeyan mbayare kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk bab mbayare kirang, bablas mawon,” semaure Paimin seru, nggenah-nggenahake.

“ O, dados regine mindhak.”

“Mindhak, barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang, lengo larang, niku sebabe dodolan kula regine nggih mindhak.”

Paimin mau sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan. Dheweke isih mangkel, sebab bojone olehe omongan ora meneng-meneng. Saiki ana papan dienggo muntapke mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi mau rumangsa salah, diocehi Paimin, ya ora bisa selak. Malah olehe mangan alon-alon, wis ngono ndingkluk wae ora mlirak mlirik kaya biasane.

Bojone Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke kuping. Arep ora dirungokake, lha olehe grenengan seru-seru. Ana ing sisih ngendi wae kepara isih rungu. Bisa uga tanggane kiwa tengen padha krungu.

“Beras mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora bisa kulakan, wong kaya ngene iki rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah kuwi duwe menteri ekonomi sing pinter, nanging njaga reregan ora mundhak wae ora bisa. Menterine kuwi terus gawehane ngapa? Menawa ngundhakake rega wae aku yo bisa. Menawa ngono carane, wis ora usah golek mentri sing pinter-pinter. Kabeh uwong menawa kur pasang rega wae rak ya bisa.

Dhuwe pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi rakyat ngene iki. Supaya ora perlu saingan urip karo wong sing wis kelair sugih. Lair procot warisane wis atusan juta. Kepriye wae menawa wong cilik bisane kuwi mung ngalah. Nanging mbok ya ora banget-banget. Dumeh wong cilik biasa ngalah wae dikalahke terus-terusan. Ora tau dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti, arep bangun apa, iuran. Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae dingandekake.

Beras kae. Jare negara iki penghasil beras. Lha kok bisa-bisane beras regane mundhak ora ketulungan. Biyen wayahe panen, wong tani kae yo dikon adol nang pemerintah, pemerintah nukoni berase wong tani, olehe nuku regane ya ora cucuk karo ragat sing wis dikecakke karo wong tani. Jare berase arep disimpen. Mengko sawayah-wayah butuh wong cilik oleh nuku beras kuwi. Lha endi saiki. Simpenane bisa-bisa didol melu rega sing wis dhuwur. Sengaja golek badhi. Lha nek mung bisa mbadi rakyate dewe wae ora usah padha gembagus. Ngono kuwi rak jenenge ora becus.”

Wis ngomong nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih nerusake maneh.

“Nang TV kae si A ngomong ngene, si B ngomong ngono. Sing bener banjur sing endi. Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung padha lamis, ora ana sing dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran ngomong. Mengko bisane mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake, kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong aspale ora alus. Sing iki. Sing kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke kana nyalahke kene. Ora padha ngrumangsani salahe dhewe-dhewe. Ora padha rembugan bareng-bareng kepriye apike tumrap wong akeh. Golek apike dhewe, golek benere dhewe. Golek amrih bathine.

Penggedhe kok saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane padha mencla mencle. Esok abang awan kuning, kaya bunglon wae. Dadi penggedhe kuwi rak kudune kaya wong tuwa momong anak. Sing tansah dipikir lan diupayakake kepriye amrih becike anak. Lha menawa wong tuwa ora mikirke anak maneh, kapan anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak jenenge wong tuwa mburu senenge dhewe. Saru. Ora patut ditiru. Aja turun anak putu.

Menawa dadi penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake dhewe, kuwi jenenge durung siap dadi penggedhe. Apa maneh menawa sing diburu kuwi kandonyan. Diangkat dadi penggedhe kuwi rak sapa wonge sing siap lahir batin. Siap lahir kuwi dene kudu gagah dedeg piadege supaya sapa wong sing mbutuhake dheweke, dheweke tansah sumadyo. Siap batin kuwi ateges lila legawa gawe senenge wong akeh. Kadhang tansah ngalahake kekarepane. Ngono kuwi lagi jenenge penggedhe. Wong sing aweh pangayoman.”

Menawa ora kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling urung leren anggone grundelan. Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega. Nanging mangkele isih kegawa nalika wis dodolan. Malah nganti tekan wengi mangkel kuwi mau urung kelair. Isih ngganjel. Saiki kepeneran, ana pawongan sing bisa didadekake panggon numplekake mangkele. Paimin dadi ketularan bojone, nrucus ora karu-karuan.

“Priye maneh, Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake panganan nang kene iki bahane mundhak. Menawa ora melu ngundhakake rega tenehan rugi. Sesuk ora bisa kulakan maneh. Wingi mawon, nalika reregan nembe mundhak, ndalu saderenge olehe dodolan regane nggih padha biasane, akhire ora sida badhi. Olehe dhuwit kabeh mung dienggo kulakan. Dados ampun nyalahke kula menawi sakniki reregan ten angkringan mriki nggih melu-melu mundhak,” ujare Paimin.

“Kula mboten nyalahake njenengan kok, niku pun limrah. Reregan wonten mriki ngetutke reregan liyane,” pawongan kuwi semaur, olehe ngomong diterusake.

“Waduh, ning kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki kula mbetane artha namung ngepas. Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi kula mboten mangan cakar janjane nggih saget nambahi sakniki. Cakare niki regine nggih mindhak napa?”

“Enggih, cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik nggih melu-melu mindhak. Ora pangane manungsa thok sik mundhak, pangan pithik uga mundhak.”

“Waduh, berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan kuwi ngetokake dhuwite. “berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula nggawane samenten. Mbenjang nggih kirange.”

Paimin sing wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis ora nrucus maneh. “ora apa-apa, Mas Proyek. Sesuk olehe nambahi ora apa-apa. Mas Proyek, sesuk mriki malih tha….”

 

 

 

 

 

 

Karangmalang, Juli 2007

 

 

 

 

 

 

 

 








Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.